Minggu, 04 Januari 2009

Pikun

Pikun

Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek napuki sirahe.

Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung mandhek nakoni.


"Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok Bunali.


"Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20 taun, sik enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis.


"Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. " Bunali mulai bingung.


"Ngene lho cak, wis ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke. " jare Wonokairun.


"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah. Ngono kok sik mewek ae. " Bunali tambah bingung.


"Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh.


"Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung gak mari-mari ?" Bunali wis gak sabar meneh.


"Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . ."

3 komentar:

TATA SAVE mengatakan...

Mbah wonokaerun ki bakul jamu gak isik;'an? sarunge goyor sik tengik gak mbah...
Lah sentolope sing diijolke sapi wes mbalik?hehehe

ealah..kelingan mbah wonokaerun bakul jamu..:)

Unknown mengatakan...

very good I like this paper..................
live draw sydney
live draw sgp
live draw hk

just for you mengatakan...

seep