Senin, 10 November 2008

Mercon

Kentir pethuk ambek konco lawase sing jenenge Kentus.
Pas ketemu arek loro iku podho kagete mergo Kentir ambek Kentus podho-podho
sirae petal, raine gosong ambek untune yo podho bogange.
Arek loro iku takok takokan opoko kok isok podho bocele.

Kentir cerito lek raine rusak, sirae petal, ambek untune ngowos mergo melok nyemprot kobongan ambek mangap.
"Pas aku mangap dhadhak onok elpiji mbledhos" jare Kentir.

Mari ngono Kentir takok nang Kentus opoko kok sirae petal.

"Mari teraweh aku nyumet mercon ambek rokok. Mari tak sumet, mercone taksawatno wong dhodhol soto terus ndhelik ambek ngisep rokok.
Dhadhak wonge ngerti, aku diuber terus sirahku digepuki pikulane soto" jare Kentus.

"Lha lek raimu opoko kok gosong" takok Kentir maneh.
"Mari sirahku waras, aku merconan maneh. Mari tak sumet ambek rokok, mercone tak sawatno wong dhodhol bakso terus dhelik maneh ambek ngisep rokok. Dhadhak aku ketemon maneh, aku diuber mari ngono diguyang dhudhuhe bakso" jare Kentus.

"Wok nemen kon iku, ngono yo gak kapok. Lha lek untumu opoko kok guwung kabeh ?" takok Kentir maneh.

"Oo lek iki seje ceritone. Pas katene nyumet mercon dhadhak onok arek pacaran liwat"

"Kapok kon, mulakno tah ojok seneng nginceng. Paling kon digibheng ambek sing lanang " jare Kentir kemeruh.

"Gak ngono ceritone . ." jare Kentus.

"Opoko lho . .?" takok Kentir.

"Aku lali . . . Rokokku sing tak sawatno. . ."

Bajak Laut

Muntiyadi pethuk ambek Gempil koncone sing dines ndhik angkatan darat.
Tibake Gempil iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek tangane
sing tengen tibake yo tughel digenti cathoke bakul beras.
Sing luwih nemen maneh, motone gempil kari sing kiwo. Moto sing tengen
wis cumplung ditutupi kain ireng malih koyok bajak laut.

"Lho Mun, sikilmu opoko ? " takok Gempil.
Mari ngono Muntiyadi cerito pengalamane kijolan sikile wong wedhok.

"Lha awakmu opoko kok mreteli pisan ?" Muntiyadi genti takok nang Gempil .

"Pas aku patroli nang Aceh, sikilku ngincak granat, langsung puthul. Pas
iku onoke sikile sapi, berhubung aku gak gelem, akhire yo ngene sikilku
dhadhi mek sithok".

"Waduh cik apese nasipmu, lha tanganmu opoko kok digenti cathoke beras ?"
takok Muntiyadi maneh.

"Mari sikilku tughel iku mau, aku dirawat ndhik barak. Moro-moro barakku
dibom ambek mungsuh, kenek tanganku, langsung tughel.
Pas iku onoke cathoke beras, timbangane gak onok blas, akhire aku gelem. "
jarene Gempil maneh.

"Wah kayal thok kon iku, lha motomu opoko kok cumplung pisan ? Kelilipen
granat tah ?" takok Muntiyadi maneh.

"Oo iku seje ceritone. Enak-enak cangkruk nyeritakno pengalamanku iku
mau, moro-moro onok manuk nembeleki mripatku ". jare Gempil.

"Wah kon iku tambah ngawur thok ae, lha mosok ditembeleki manuk isok
motone cumplung". Muntiyadi mulai gak percoyo.

"Lho iku dhudhuk mergo tembelek manuk" jare Gempil.

"Lho opoko ?" takok Muntiyadi.

"Iku pas dino pertama aku nggawe cathok beras".

Wedhus

Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.

"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket

Bunali takon maneh.

"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."

Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.

"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"

"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."

"Lha sing ireng ?"

"Podho . . ."

Semongko

Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, padahal lagi wayahe panen.
Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing ilang.
Jarene wong sing nyolong iku Wonokairun, tapi Bunali gak wani nangkep.

Akhire Bunali nemokno cara cik malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih, Bunali masang papan peringatan sing onok tulisane ngene, "Awas !!! Ati-ati lek arep nyolong. Salah siji semongkoku iki wis tak suntik racun"

Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, Bunali mulih.

Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik pancet limolas.
"Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi " pikire Bunali.

Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumumane ambruk, wah paling ketiup angin, pikire Bunali maneh.

Pas diwalik, tibake papan pengumumane ditambahi tulisan ambek malinge,
"Awas !!! saiki onok loro".

Wedhi Karo Bojo

Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo romlah. asalahe muntiyadi cinta pol karo romlah.

Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara diperintah baris.
Tapi komandan njaluk barisanne dibagi loro.

Barisan sing pertama tentara sing wedi karo bojone.
Brisan sing kedua tentara sing gak wedi karo bojone.

Pas komandan ngecek barisan.

Barisan sing pertama akeh pol…
Barisan sing kedua cuman siji yo muntiyadi

Komandanne takok nang muntiyadi:

Opo’o peno kok gak wedi karo bojo.

“Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku” Jare muntiyadi.

Asmuni

Bunali lagi kulak sandal nang pasar. Moro-moro onok arek marani Bunali.

"Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?" takok arek mau.

"Dhudhuk !. Ngawur ae.!!" jarene Bunali.

"Ojo mbujuki aku tah. Sampeyan mesti Asmuni!" jarene arek mau ngeyel.

Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi arek mau tetep ae ngotot gak percoyo. Ndhik endhi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau.

Mergo mangkel, akhire Bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih.

"Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon !!"

"Tapi kok gak mirip blas yo?" jare arek mau ambek nginclik.

Drakula

Onok drakula loro jenenge Kentus ambek Kentir
Arek loro iki wis sak wengi gentayangan golek mbun-mbunan gak oleh-oleh.

Wis meh katene isuk Kentir mbalik atik lambene abhang kabeh belepotan getih.
Ndhelok ngono, Kentus malih purik, "Waduh awakmu kok isok oleh getih akeh ?".

"Awakmu kepingin tah ?. Ayo melok aku !!! " jare Kentir.

Mari ngono arek loro iku miber bareng. Gak sui terus anjlok ndhik wuwungane bangunan.

"Awakmu kethok cagak gendero ndhik ngisor iku ?" takok Kentir.

"Yo kethok rek !! Sing cedhake pos satpam iku se ," jare kentus.

"Wah hebat awakmu . ." jare Kentir.

"Lho opoko masalae ? " takok Kentus.

"Soale aku mau gak kethok . ." jare Kentir.

Diuber celeng

Sore-sore mari mulih angon, Bunali pethuk ambek Brudin.

"Waras ta !! " jare Brudin ndhik Bunali.

"Waduh dino iki aku meh mati disruduk celeng " jare Bunali.

"Lho kok isok ngono, yok opo ceritone ?" jare Brudin.

"Mau awan iku aku pethuk celeng, terus tak garai, tak kileni ambek pring dhadhak nguamuk. Aku diuber-uber katene disrudhuk, untunge iku celenge bolak-balik tibo kepleset, dhadhi aku sempet menek wit klopo". jare Bunali.

"Waduh cik sereme, lek aku sing ngalami wis pucet kepuyuh-puyuh gak karuan" jare Brudin.

"Lho, aku iyo ngono, kon pikir celenge kepleset opo?"

JIN

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge luwe.

Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.

"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti," jare jine.

"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki ambek jin" jare Kayat.

"Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir.

Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke.

Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo" jare jine maneh.

"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama, aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat

"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.

"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.

"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange." jarene Kayat.

"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro Kayat wis nang njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.

"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing temenan cik gak getun" jare jine.

Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk,"Aku kepingin kulitku malih putih wudho dirubung wong wedhok akeh".

Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga.

Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis dhadhi TAHU. . .

Kamis, 06 November 2008

Lobang

Sakri ambek Nasip mlaku budhal mancing. Moro-moro Nasip ndhelok onok lobang guedhe.

"Eh ayok dites jerune sak piro se lobang iki" jare Nasip.

Sakri njupuk watu kali terus diuncalno ndhik lobang mau.

Sui gak onok suorone blas...

"Whuik jerune...," jare Sakri

"Watune kurang gedhe be'e, cobak kelopo" jare Nasip.

Sakri njupuk kelopo terus diuncalno maneh ndhik lobang.

Sepiii gak onok suorone....

"Whuik jerune...," jare Sakri

"Sik golek sing luwih gedhe maneh," jare Nasip.

Mari golek-golek, arek loro iku akhire nemu beton bekas bantalane rel sepur.

Berhubung abhot, betone digotong wong loro terus disurung mlebu lobang.

Tapi yo ngono, suiii gak onok suorone...

"Cik jerune lobang iki.." jare Sakri

Moro-moro seko semak-semak, onok wedhus mlayu katene nubruk arek loro.

Selamete arek loro iku isok ngelesi, tapi sakno wedhuse sing kecemplung lobang.

Kagete jik durung ilang, moro-moro onok Wak Dri nggowo arit takok nang arek loro iku.

"He rek, kon ndhelok sing nyolong wedhusku tah ? Tak bacoke wonge !!!'',

takok Wak Dri.

"Wah gak ngerti Wak Dri, cumak sik tas ae onok wedhus kecemplung lobang iku" jare Nasip.

"Oo gak mungkin.. dhudhuk wedhusku lek sing iku, wedhusku mau tak cancang ndhik betone rel sepur "

Rasa Stroberi Tah?

Pas acara perpisahan arek TK, setiap murid nggowo kado gawe bu gurune.

Sing pertama maju anake pedagang bunga. Bu gurune ngambung kadone ambek mbedhek,

"Isine kembang yo....".

"Seratus buat bu guru.." jare anake pedagang bunga.

Sing kedua maju anake wong dhodhol mracang. Ambek bu gurune kadone

dikocok-kocok. Wah iki rodok angel mbedheke, pikire.

"Isine permen yo...".

"Pinter bu guru.." jare anake wong dhodhol mracang.

Mari ngono, maju anake wong dhodhol es krim. Pas kadone diangkat, dhadhak netes. Ambek bu gurune tetesane diincipi.

"Es krime rasa anggur yo..." jare bu gurune kemeruh.

"Salah..." jare areke.

"Rasa stroberi tah...?" bu gurune kemeruh maneh.

"Salah .." jare areke.

"Wis aku nyerah, rasa opo sih iku" takok bu gurune.

"Isinya anak anjing kok bu guru..."

Salesman

Kapanane onok Salesman Vaccum Cleaner teko nhik omahku.

Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndhik karpet.

Jarene ngene ''Wis pokoke buk, lek sampek vaccum cleanerku iki gak isok nyedot, tak jamin tak emploke sithok-sithok tembeleke wedhus iku."

Jare ewangku "Peno kepingin didhulit sambel tha ngemploke ?".

"Lho opoko masalae ?'' salesmane takok.

"Lha peno gak ndhelok tha saiki lampu mati ..."