Sabtu, 27 September 2008

Argowilis

Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.

Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane.

Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar 20an.

Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an.

Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane rocker.

Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem.

Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi petengan pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.

Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong dikaplok PLAK..!!!.

Wis mari ngono sepi maneh.

Sing ibu-ibu iku mau mbatin," Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok
menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan".

Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan,"Gak salah tah, sing ngesun mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun".

Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok mbatin pisan,"Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok. Dikiro aku pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku".

Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan,"Kapan maneh rek,isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku tanganku dhewe".

Mbah Jo

Mbah Jo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge

sampek dipasangi selang.

Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip.


Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno.

Pas mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-megap gak isok ambekan, raine pucet, tangane gemeter. Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis.


Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek megap-megap, mbah Jo nulis surat. Karo siso-siso tenogone mbah Jo ngekekno surate iku mau nang pak Mudhine.

Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire pak Mudhin. Mari ngesaki surat pak Mudhin nerusno ndungone.


Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, mbah Jo iku wonge apikan.


Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh.


Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi batik sing digawe pas mbah Jo mangkat.

Lha ndhik sake lak onok titipan surate Mbah Jo tah, waduh selamet iling aku rek, pikire pak Mudhin.


"Derek-derek sedoyo, onok surat seko almarhum Mbah Jo sing durung tak sampekno nang peno kabeh. Lek ndhelok mbah Jo pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh. Ayok diwoco bareng-bareng isi surate".


Mari ngono pak Mudhin ngerogoh surat ndhik sake, bareng diwoco tibake munine..


HE.. NGALIO DHIN !!! OJOK NGADHEK NDHIK SELANG OXIGENKU !!!